Sabtu, 28 Januari 2012

PERTEMUAN KE 283 Surah AL-Tawbah (9) Pengampunan Ayat 84-85 Ahad, 04 Mei 2008

  A. Pengertosan ayat:
    Larangan nyolati tiang ingkang munafik.
  84. Lan wanti-wanti ampun ngantos penjenengan (nabi) nyolati janazah tiang-tiang saking kelompokipun munafikin, lan ampun ngantos  penjenengan ngadek (do’aaken) wonten nginggil quburipun. Sa’leresipun tiang-tiang wau meniko sami kafir dumateng Allah soho Rasulipun lan tiang-tiang wau pejah dalam keadaan fasiq.
85. Lan ampun ngantos harta benda soho anak-anakipun tiang-tiang wau, menarik perhatian sampean. Sa’leresipun Allah  bade nyiksa  tiang-tiang wau wonten ing dunia kanti harta lan anak-anakipun, lan ugi supados nyawanipun tiang-tiang wau melayang kanti dalam keadaan kufur.
B. Ma’anil mufradat;
84.Wala Tusholi ‘ala ahadin…. Ayat niki maringi pengertosan bilih sa’sampunipun Nabi (kaum Muslimin) dilarang beristighfar lan memaafkan tiang-tiang munafik, sebab kemunafikanipun meniko jelas. Antara lain mboten purun derek perang mbela agamanipun Allah, menghina-mengejek Rasul lan kaum Muslimin. Ayat niki melarang doaken ngapura kangge mereka soho nyoati janazahipun. (Wonten ayat 80 dipun jelas aken bilih; Dido’aaken ngapura  nganti ping pitungpuluh ambalan, bagi tiang-tiang munafik meneniko tetep Allah mboten bade maringi pangapuran tadeng tiang-tiang wau. Lah ciri-cirinipun munafik sing dipun sebat teng ayat niki meniki  (a)  menghina lan mengejek Rasul soho kaum muslimin (b) mboten purun perang bahkan mempropokasiseni kanca-kancane supados mboten mangkat perang Wal hasil tiang munafik meniko prinsipipun tiang ingkang kepengin menghancurkan Islam saking dalam.  Terasan ayat wau Allah mboten melarang kaum Muslimin nyolati tiang munafik sing pejah. Prinsipipun sholat meniko dungaaken ampun kalayan janazah. Berdiri diatas kuburipun meniko berarti ndoaaken. Berdiri diatas kubur berarti do’aaken rahmat kangge si mayat, padahal si mayat munafik meniko membangkang lan memusuhi Allah. Mereka hakikatipun sampun kafir lan naliko pejah dalam keadaan fasiq. Wong sing kados mekaten mboten perlu disholati lan dipun do’aaken.
      Wonten cerios ing hadits Buhkoeri bilih Abdullah ibn Ubay ibn Salul tokoh kaum Munafikin mati meniko putranipun Abdulah  sing dados shahabat Nabi lan mukmin, nyuwun kalayan nabi  pakaian (qamis) ingkang bade dipun engge mengkafani  babape sing mati wau. Nabi ngabulaken permintaan  putrane wau.  Ugi nyuwun dipun shalati dening kanjeng Nabi. Lajeng Rasul bangkit mangkat perlu nyolati.  Nanging Umar Ibn Khattab  matur dateng Rasyul : No[po penjenengan bade nyolati, padahal Allah melarang. Nabi menjawab; Allah maringi Aku pilihan kanti Firmanipun ayat al-Tawbah ayat 80; Sliramu Muhammad memohonkan ampun kanggo wong-wong iku atau ora njalukaken ngapura kanggo wong-wong mau (yo tetep podo-ora bakal dingapura) senejang njalukaken ngapura ping 70, tapi Allah tetep ora maringi pangapuran marang wong-wong mau. Lajeng rasul nambah ingsun arep ngglewihaken nganti pitung puluh ambalan. Umar nimpali Tiang meniko kan munafik kanjeng Nabi. Nanging Rasul tetep nyolati tiang wau, lajeng turunlah ayat niki. Sa’badanipun turun ayat niki Rasul babar pisan mboten purun nyolati tiang-tiang munafik sing mati. Sing dilakoaken dening Rasul miderek Quraisy Shihab meniko kangge njaga hubungan baikipun antara Nabi kalayan putrane ‘Abdulah ibn Ubay bin Salul wau ddalam ungkapan bela sungkawa.  “La taqum ‘ala qabrihi “ , Miderek (1) Thahir ibn Tsur lan Thanthawi meniko mboten pareng tumerap tiang mukmin ngadek wonten duwur kuburan munafik lan menziarahi. Larangan berdiri di atas kubur lan nyolati dipahami bilih mereka meniko kafir dumateng Allah (2)  Miderk Rasyid Ridho meniko mboten pareng ndoaaken tiang pejah munafik kanti do’a al-tasbit (do’a kemantapan jiwa dalam menghadapi ujian wonten ing kuburan  (3)  Ulama lain berpendapat  Doa tasbit kangge mayit munafik meniko mboten pareng. Do’a tasbit meniko mantap menjawab pertanyaan malaikat Munkar lan Nakir tentang Tuhan, nabi, agama lan kiblat.
      Imam Bukhori nambah Rasul pernah ngadek naliko janazah Yahudi lewat, lajeng sahabat-sdahabat takon, sebab napa ; “Bukankah dia juga manusia”.  Atas dasar niki  mboten wonten alangan kangge hadir wonten penguburan tiang ingkang mboten Islam. Mboten do’a aken. Berkunjung kuburan Fir’aun meniko ugi angsal sing di abadikaken wonten  QS Yunus [10]: 92. Dugi wonten ing makam Pahlawan ugi pareng sepanjang mboten do’aaken.
      Fasik lan kekufuran disebut beriringan kalayan kufur; wong kafir saged ugi baik prilakunipun jujur sopan dll. Fasik meniko tiang ingkang  womg sing keluar lan lepas saking  nilai-nilai Ilahiyah bertentangan kalayan nilai-nilai universl.
      Prinsip menurut Pak Quraisy taing muslim meniko tiang ingkang mengucapkan kalimah syahadat meskipun mboten nglampahi shalat sebab males lan melakukan aneka kedurhakaan. Larangan shalat wonten ayat niku tertuju dumateng Abdullah bin Ubay. Para Ulama  sepakat  mengharamkan tiasng mukmin mensolati-mendoakan tiang kafir ingkang mati. Tiag munafik sebab mboten saged di deteksi secara pasti berdasarkan kenyataan lahiriyah, jika mengucapkan sahadat, tiang niku diperlakukan sebagi muslim. Nek mati berhak dimandikan, dikafankan lan disholati. Keadaan sing bener, meniko namung Allah SWT sing maha tau.
85). Wala tu’jibka amwaluhum “… Ayat nki menlanjutkan larangan kangge tiang munafik, ingkang bersifat batin, rupinipun kekaguman terhadap hal-hal ingkang berkaitan kalayan tiang-tiang munafik. Harta kekayaan ingkang katah lan ana-anak ingkang gagah-gagah ingkang ayu-ayau ampun ngantos  mempengaruhi dateng Rasul SAW. Allah justru bade menyiksa munafik wau kalayan harta soho anak-anak kipun. Ayat niki sejalan ayat 55 surat niki sing isinipun Hai wong-wong munafik Ora bakal berguna harta kekayaan sing ditanjaaken di jalan Allah, lan mboten berguna anak-anak mereka sing gagah-gagah sing ayu-ayau. Harta sing dimiliki merupakan siksaan bagi mereka. Mereka membanting tulang kangge maraih ekayaan wau, sedih naliko gagal, susah nalio ilang, jengkerl naliko wonten sing jaluk, meniko sedoyo merupakan siksaan bagi mereka. Anak-anakipun sing ketone gagah-gagah, ayu-ayau  tapi mboten didik ajaran agama, durhakla dumateng tiang sepah. Akhlakipun bejat, rewel-tewel, kurang jar  dll, sedoyo wau menyiksa wong tuanipun. Matine susah naliko ruh dipun jabut. Mati dalam kekufuran.
 Pokok-pokok kandungn
  1. Tiang munafik meniko naliko pejah mboten pareng di solati lan dipun doaaken baik wonten nduwur kuburan utawi wonten panggenan sanes. Kaum muslilimin saged dugi kuburan utawi makam Pahlawan baik tiang kafir nopo dene munafik meniko mboten menopo-nopo sepanjang mboten duaaken lan nyuwunaken pangapunten dateng mayit meniko.
  2. Ciri munafik ingkang dipun sebat wonten ayat meniko, benci lan menghina kalayan Rasul soho sahabat-sahabatipun, sengit dateng Rasul lan bahkan kepengin mejahi junjungan kito nabii besar Muhammad saw
  3. Munafik wonten ayat meniko wonten asbab nuzul kangge jelasaken kedudukanipun Abdullah ibn Ubay ibn Salul, sebagai kepala (gembong) munafikin.
  4. Rasul maringi baju Qomis lan kerso nyolati dateng Abdullah ibn Ubay meniko amargi putranipun dados sahabat Nabi setia.
  5. Menawi mayit sampun ngucapaken sahadat kalih, ateges sampun mukmin. Sikapipun munafik sangat halus milo mboten saged dipun deteksi kalayan kenyataan. Milo menawi sampun maca sahadat meniko  perlu di mandikan, dikafankan soho disolati.
  6. Wong-wong munafik  sing di isarati wonten ing ayat meniko, meniko munafik sing bade menghancurkan Islam saking lebet.
  7. Tiang munafik sing bade menghancurkan Islam dari dalam meniko hakikatipun meniko tiang ingkang kufur.

2 komentar: